Selasa, Februari 10, 2009

10.02.09



there is no beginning
there is no end
it is A JOURNEY

no threshold for certain step
no sampling
it is continuous

no next beginning after previous end

it is a learning
it is, again, A JOURNEY
of ME


*photo taken by mas firman, tq mas

Jumat, Februari 06, 2009

numpak mobil ambek mbecak

kadang krungu guneman, lek sekolah nang ndi ae podo ae, lek arek'e dubleq yo bakalan plonga-plongo masio iso mlebu kuliah nang universitas bonafid. kuwalikane, lek arek'e pinter masio tah kuliah nang swasta sing status'e terdengar (luweh nemen timbang terdaftar) bakalan tetep dadi wong pinter sing iyes.

ho'oh si jane, aku yo setuju. tapi siji hal sing menurutku iso dadi keuntungan kuliah nang univ gede lan terkenal, koyoto ITS (sing teko UI, ITB, UGM, ojok ngamuk ya.. lawong aku ancen arek ITS kok, yo ga popo si almamaterku tak umbul2no dewe :p). yoiku: KESEMPATAN SING LUWEH JEMBAR.

yo cak, ning, dadi lek samean kiy kuliah nang ITS, kesempatan gawe berkembang kiy okeh. iso melu event2 kelas nasional bahkan internasional. koyoto robot2an ITS sing terkenal kuwi. nah, lek wes weruh lan enek kesempatan bertanding secara nasional lan internasonal maeng, lak wawasan'e kene dadi terbuka lebar. ra mung jago kandang. menang lomba cerdas cermat 17-an nang balai desa ae wes sombong. ngunu contohe.

trus lek sekolah gede biasane fasilitase lengkap. profesor'e yo okeh. kan secara univ e yo gak gelem ngangkat dosen ecek2 toh, lak tambah delahom mengko murid2e. dadi inputan sing dilebokne utek kiy yo wes sortiran, duduk reject-an. opo sing awakdewe garap pun kwalitas'e nasional, g ecek2. projek2 gede teko perusahaan gede lak yo parane nang univ gede toh. mosok nang univ cilik2. nah, kuwi gawe nambah pengalaman2.

meneh, lek melu kegiatan ekskul2, UKM2, tah BEM opo melu lomba karya tulis, tingkat'e yo gak ecek2 rek. g demen2. mesti nasional. trus mesti disawang, diregani ambek kanca2ne. ngerti dewe toh lek arek2 kuwi perang2an almamater pas nglumpuk2. sing biru enom, kuning, biru tuwek, abu2-coklat, lak mesti ketok rodo methentheng ngunu. lambang'e diduduh2ne, digaweni nang ndi2, masio tah howone sumuk. eee.. bocah. lah sing liyane kari mindik2 ae. warna jas wes kentekan dijupuki sing gede. dadine aneh2. tur lambang'e yo mending g diwenehi lambang, ngunu pikire. hehehe. trus sisan kan lek ngadakno kegiatan wani ngundang univ liyo. lah jajal melu BEM e univ antah berantah, ape undang mbok2e kan yo sungkan disik.



trus sisan lek enek beasiswa gede2, utowo lowongan gawean sing bonafid, lak mesti akeh diuncalno nang univ gede. kan kadang enek toh sing nulis kudu teko PTN2 berakreditas A, terkenal de el el. iku juga buka peluang. durung lek wes mlebu kerjo, lek bos2mu soko univ sing podo, lak luweh diperhatekne, diutamakne, lawong adik'e dewe. ngene iki jane yo ngerugikne, terutama sing soko uni cilik2. tertindas, dianaktirino, dadi ndak iso berkembang. tapi yo piye yo, biasane lek sak univ kiy karakter'e podo, dadine penak lek dijak kerjo bareng.

yo kuwi maeng beberapa hal sing nguntungno. kan yo bedo yo rek lek awak dewe numpak mobil ambek nyingklak becak. luweh cepet sampek, tur iso nang ndi2 sing luweh adoh, tur gengsi ne duwur, tur iso luweh pinter diasah mergo okeh lan komplek navigasinya. lah lek becak lak bondo sikil tok se, hehe.

tapi yo pancen tetep balik nang sopir'e, mobil tah becak maeng. lek wes diwenehi tumpakan mobil tp sik delahom yo tambah luweh goblok tinimbang sing mbecak! lah piye, lawong kesempatan'e wes onok kari jupuk kok malah gak digawe.

oke2. yo wes ngunu disik. keluwen aku.